Banjaran Gatutkaca

Wayang Kulit: Ki Timbul Hadiprayitno

Banjaran Gatutkaca-1
Banjaran Gatutkaca-2
Banjaran Gatutkaca-3
Banjaran Gatutkaca-4
Banjaran Gatutkaca-5
Banjaran Gatutkaca-6
Banjaran Gatutkaca-7
Banjaran Gatutkaca-8
Banjaran Gatutkaca-9
Banjaran Gatutkaca-10
Banjaran Gatutkaca-11
Banjaran Gatutkaca-12
Banjaran Gatutkaca-13
Banjaran Gatutkaca-14
Banjaran Gatutkaca-15
Banjaran Gatutkaca-16
Banjaran Gatutkaca-17

Karna Tanding

Wayang Kulit : Ki Timbul Hadiprayitno


Karna Tanding-1A
Karna Tanding-1B
Karna Tanding-2A
Karna Tanding-2B
Karna Tanding-3A
Karna Tanding-3B
Karna Tanding-4A
Karna Tanding-4B
Karna Tanding-5A
Karna Tanding-5B
Karna Tanding-6A
Karna Tanding-6B
Karna Tanding-7A
Karna Tanding-7B
Karna Tanding-8A
Karna Tanding-8B
Karna Tanding-9A
Karna Tanding-9B
Karna Tanding-10A
Karna Tanding-10B
Karna Tanding-11A
Karna Tanding-11B
Karna Tanding-12A
Karna TandinG-12B

Gatutkaca Gugur

Wayang Kulit : Ki Timbul Hadiprayitno




Asrep ngungkuli toya iku sabar
Ingkang minurweng carito Anenggih negari pundi to engkang kinarya bebukaning kondho murciting ing kawi engkang kaeko adi doso purwo. Eko marang sawiji adi linuwih dasa sepuluh purwo kawitan senadyan kathah titahing Jawoto ingkang sinonggo pertiwi kaungkulan ing akoso kahapit ing samodro loyo kathah ingkang samiyo anggono raras. Nanging datan kadi negoro Dworowati yo negoro Dworoko. Winastan negor o Dworowati negari Palawangan ing jagat dene Dworoko negari pambuko. Milo pantes bebukaning carito. Ngupoyo negari satus datan antuk kalih. Sewu tan jangkep sedoso. Dasar negari panjang-punjung pasir wukir loh jinawi gemah ripah karto tur raharjo.Panjang dowo pocapane punjung luhur kawibawane pasir samodro wukir gunung dene toto rakiting projo ngungkuraken pagunungan ngerengaken benawi nganan aken pasabinan amangku bandaran ageng Loh tulus kang sarwo tinandur jinawi murah kang sawi tinumbas gemah lumaku dagang layar rinten dalu tan ono pedote labet tan ono sang yaning margo aripah janmo monco ingkang samiyo bebodro ing projo Dworowati ketingal jejel hapipit aben cukit tepung taritis pangraos papan wiar dinulu katingal rupak.Kerto kawulo ing padusunan mungkul anggenyo ulah tetanen mardi undaking wulu pametu ingon-ingon raja koyo kebo sapi, mendo tanpo cinencangan pitik iwen tan ono kinandangan yen rahino sami agelar ing pongonan gumanti ratri wangsul wonten kandang nyo dewe-dewe. Paran dene datan ono ingkang cicir sajugo raharjo tebih ing pareng muko. Dene poro mantra bupati podo kontap kautamane wicaksono lipat ing kawruh sarto putus marang reh pangembating projo tansah ambudi wuwuh-wuwuh kuncaraning projo. Dasar Dworowati negoro jero tancebe gede obore padang jagade dhuwur kukuse adoh kuncarane. Pramila datan ngemungaken tanah jawi kemawon engkang samiyo sumuyut senadyan ing tanah sabrang. Kathah negari ingkang samiyo manungkul tan karono ginebak ing poncokoro sayekti among kayungyun dating pepayaning kautaman. Bebasan ingkang celak samiya mangklung ingkang tebih samiyo tumiyung sakimg jembaring laladan lan kathahing jajahan. Pramila, saben antoro mongso samiyo asok bulu bekti glondong pangarem-arem peni-peni rojo peni guru bakal guru dadi minongko pundutaning ratu.Wenang den ucapno sinten jejuluk ing noto ingkang hangrengani negoro Dworowati. Jejuluk Sri Bathoro Kresno yo Hari Murti Sosro Sumpeno Patmonobo Wasudewo Kesowo Noroyono Danondo yo Moho Prabu Djanar Dono = Wisnu Murti.Sanadyan titaning ngarcopodo noto ing Dworowati wenang jejuluk Bathoro Sanyoto manungso pengawak Jawoto.Milo kepareng jejuluk Prabu Sri Bathoro Kresno narendro cemeng sarirane trusing balung sungsume daging prapteng ludirane yen ayam-ayamo cemani kinaryo sarono dadi jayaning pandowo ing perang Baroto Yudo Joyo Binangun.Patmonobo = wadah linuwih dene kewowo dadi wadahing sekar wijoyo kusumo panguripane wong sabumi.Wasudewo = narendro titisaning dewo Marmo kewowo hangresepi jagad.Kesowo = panah linuwih dene kalamun tiwi kromo biso asipat braholo sak kolo mercu gedene.Danardono = sedino-dino tansah adedono lumintu lir ilining toyo marmot. Wisnumurti = wisnu sawentah marmo wus tan samar saulah kridaning jagad kacarito sang Yang Wisnu binelah panitise marang Kresno lan Arjuno pomo kembang lan sarine pomo geni lan urube genine Kresno urube Arjuno pomo suruh lumah lan kurebe dinulu seje rupane digigit tunggal rasane.Pranyoto ratu Dworowati ambek tanuhito somo hito soro hito tegesipun remen ulah kapenditan remen ulah pangadilan marsudi reh ing toto krami remen ulah kaprajuritan.marmo kinasihan dewo kinemulan widodari / kinacek sak somo samaring ratu luhur tan ungkul-ungkuli andap tan keno kinungkulan ratu Amiguno tang ngendak gunaning jalmo.Dene lelabuhaning noto paring sandang wong kawudan asung pangan wong kaluwen aweh banyu wong kasadan paring teken wong kalunyon asung kudung wong kepanasan aweh payung wong kudanan karyo sukaning prihatos maluyak aken wong kang nandang sakit. Sarwo nindak aken somo bedo dendo lampahing pangadilan anindak aken dono wesi asat lire mboten ambau kapine yen sampun leres mboten kapidono.Lan mboten mawi wigah wigih sanadyan putro sentono wargo lajeng kapatrapan pamiseso utawi anetepi berbudi bowo leksono punopo ingkang kadawuhaken mboten kengeng oncat mesthi kalampahan yen to ginunggungo. Lelabetaning sang noto wiyaring jajahan sedalu datan ono pedhote. Kasigeg ing murweng kawi naliko semono nuju ari respati sri narendro miyos ing siti inggil binatu roto lenggah ing dampar dento pinalipit kencono pinatik ing sesotyo nowo retno lemek kasur babut prang wedani sinebaran sari-sari ginondo wido ing jebat kasturi ginarebek ing badoyo srimpi biyodo joko paloro loro manggung ketanggung emban ceti parekan kang samyo ngampil upacaraning keprabon. Banyak dalang sawunggaling hardowaliko kacamas miwah dwi ponggo kang sarwo kencono. Lenggahing noto kinebutan lering manyuro kongas gandaniro noto dumugi ing pangurakan jawi sirno kamanungsane kadyo Sang Yang Wisnu den hayap poro widodari rep sinem permanem tan ono sabawaning walang alisik gegodongan datan obah samirono datan lumpah hamung sabawaning pradonggo kang mang hanyut-hanyut lawan swaraning peksi jalak engkok engkang munyo ing saluhuring tratak rambat miwah sabawaning poro abdi kriyo bende gending kemasan gebleg ingkang samyo nyambut karyo ing jawining pasewakan pating carengkling imbal ganti lir mandyo rogo teko hamiwahi asrining panangkilan kinaryo pratondo sang noto medar sabdo. Gongso kyai ponco jalmo engkan muni tanpo tinabuh ndodosaken horek ingkang samyo moro sebo.Ayo konco ndodog konco ndodog mengko ndak ndadekke dukaning kang sinuwun. "Grimponodahyono"